Minggu, 17 Juni 2012

HOBO


Makna Simbol "Ha Ba" :
Simbol HO BO meniko makhutho kencono, bentukipun payung minangka songsong agung dateng kawulanipun, soho rineko Mustoko Masjid awit kasultanan Ngayogyokarto kanthi lelandesan agomo suci Islam, katitik ugi Sumping rineko sekar kanthil megar 3 sisih kanan 3 sisih kiri ing palambang Rukun Islam 6 perkawis, sumping ngandap Sumping kencono Mulyo rineko gubahan Sureng Pati arah mengandhap pralambangipun bangkit amireng dateng kawulanipun.
Lar ingkang meniko susun songo ateges yasan ndalem Sinuhun kaping 9. pupak Lar 64 cacahipun mengeti yuswo Rasullullah, kadosdene waringin ingkang tinanem ing alun2 lor lengkering aksoro BO. saking mustoko mengandap wangsul minggah malih tumuju telenging gotro HO BO/utawi kondur ing Manah.
Mekaten menggah jangkepin pralambang Kedaton Ngayogjakarta Hadiningrat, nyuwun pangapunten menawi wonten klentunipun, Waasallamualaikum.
(sumber saking kitab al-google)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar